Selasa, 08 Oktober 2019



Cerkak Basa Jawa "Sikap Fandi (Malaku, Kancaku, Tresnaku)"

Dina iki ana pelajaran olahraga sing paling ora tak demeni. Apa maneh ana praktek ngelebokne bal basket neng ring. Aku sing kawit lair ora godak nyekel bal akhire gur nguncal sukur-sukuran. Nggo semangat 45 aku ndribel bal ning tanganku, karo setitik mlayu aku njajal nguncalne bal alon-alon. Bal mantul ngeneki pinggiran ring lan langsung nubruk bocah ning mburiku.
"Aduuhhh!!" Bengok bocah kui. Swarane ora asing eneh, aku noleh lan langsung gupuh nyawang bocah kui nggeblak ning mester lapangan.
"Ya Allah! Fandi awakmu ra popo?" Tekokku ngampiri bocah kui sing tibake Fandi.
Fandi tangi sempoyongan, ngelus-ngelus sirahe sing keantem bal. Wonge ngadek ngampiri aku lan mandek ning ngarepku pas. Saking cedeke aku iso ngembus ambu laundry ne. Ya Allah Fandi arep nyapo iki? Apa aku arep ditembak? Aku gur iso ndengkluk karo nyekel dadaku sing ndredeg.
"Apa ra kok sawang?! Sirahku dadi loro, ngerti po ra?! Makane lek ora iso dolanan bal ora usah kemayu!" Getak e. Bayangan lek aku arep ditembak wonge ilang, ndredeg ning dadaku ya melu icul. Aku sing gur sak pundak e banjur ndangak lan omong.
"Aku ora sengaja, aku nyuwun ngapuro Fan"
"Ngapura-ngapuro penak lek muni! Dasar bocah elek, ndablek, kok yo sek iso urip!" Getake. Uwong-uwong ning lapangan pada nyawang tukaranku karo Fandi, banjur ngetokne HP ne ngge ngupload story.
Krungu omongane Fandi sing nylekit aku ora terima, apa eneh disawang bocah sak lapangan basket sing akeh banget. Harga diriku iki taruhane!
"Aku wis nyuwun ngapuro, awakmu ae sing ora paham. Apa awakmu ra tau diwarai tata krama marang wong tuamu?" Tekokku karo ngempet mangkel. Fandi gelagepan krungu omonganku. Arep njawab apa wonge bingung, akhire wonge ngalih ninggalne aku karo mbengok.
"Kowe cah wedok paling nganyelne ning donyo! Mulai saiki awake bermasalah!"
Bocah-bocah wedok sing mulane repot HP nan ganti ngampiri Fandi, ngelap wajahe lan ngetokne jurus endel-endel manjane. Fandi nyawang aku dilut banjur mlengos. Lapangan basket sepi, ninggalne aku sing dhewean.

***

2 minggu wis keliwat. Aku lan Fandi panggah meneng-menengan ning kelas. Bocah sekelas wis ngetokne kabeh jurus ben aku lan Fandi iso akur, tapi kabeh kui ora ana gunane. Wis bola-bali aku lan Si Fandi dadi sak kelompok, tapi kuwi ya ora ngubah keadaan.

***

Dina iki kaya biasane bar bel mulih sekolah muni, aku ngampiri halte ngarep sekolah. Saurunge teka, sawanganku katuju ning ngarepan parkiran. Fandi nuntun ninja ijone diubengi cewek-cewek endel sing mesti njaraki wonge. Aku dadi mesakne karo Della, pacare Fandi. Apa ora cemburu ya? Fandi kok ya tega padahal Della kuwi ayu dewe sak sekolah tur anake konglomerat.
Aku ngelanjutne langkahku nuju ning halte. Urung suwi aku lingguh bise teka. Akhire aku lan penumpang liane numpak bis kui.

Ora kaya biasane, bis rada telat limolas menit amarga dalan Trenggalek sing macet. Setibane ning terminal aku ora langsung njupuk motor nyang parkiran. Tak sawang jam ning tanganku, jam 17.30 wetengku demo njaluk diisi. Kepasan pas nggoleki warung mangan, sawanganku katuju ning salah siji pedagang es sing ngadek ning sanding bis mandek. Tak sawang tenanan, ora salah eneh kui Fandi! Lho tapi nyapo klambine kaya gembel? Terus nyapo wonge dodol es?

"Fandi!" Bengokku banter. Fandi noleh, wajahe langsung pucet ngerti kehadiraku. Tanpa nunggu tak uber wonge langsung mlayu karo nggowo kotak es e. Akhire aku nguber wonge.
"Ngaliho aja ngetutne aku!" Bengoke.
"Mandeko Fan! Mandek!"
"Ora usah ngetutne aku Far! Ngaliho!"
Brakk
Ora ana angin ora ana udan Si Fandi tiba kesandung watu. Kotak es e kebukak lan nyeblokne isine.
"Awakmu ora papa Fan?" Tekokku antara khawatir lan seneng amarga Fandi iso mandek.
"Ngaliho Far, aja ngetutne aku" jawabe karo ngelebokne es neng kotake. Sikile ora nyapo-nyapo.
"Aku gur pingin ngerti nyapo awakmu iso ngene Fan"
Fandi nyawang aku sedilut banjur nggeret tanganku ning lingguhan.

"Jenengku Fandi Ashar Triatmoko. Aku anak tunggal. Bapakku minggat pas aku isih cilik. Ibuku kuli laundry sing gajine cilik. Dadi aku uduk anak pejabat kaya sing dipikirne bocah-bocah. Mben subuh aku dadi tukang koran, mulih sekolah bablas dodolan es kaya ngene iki, banjur bengine aku jaga pom bensin tak sambi sinau pelajaran. Kawit SD aku ngandelne beasiswa kanggo nerusne sekolah. Wis kuwi tok jati diriku, awakmu wong pertama sing ngerti tentang kuwi." Crita Fandi. Aku kanget ngrungokne pengakuane.

"Lho terus ninjamu? Seragammu sing ambu laundry? Della?" Tekokku tanpa jeda.
Fandi nyauri nggo nada sing santai.
"Ninjaku kui fasilitas saka bos pom bensin merga aku karyawan teladan. Dadi aku iso nggae kawit isuk teka sore. Seragamku? Kui merga ibuku meneng-meneng seneng nyemplungne seragamku ning mesin cuci majikane. Della? Kuwi urusanku. Aku bakal mati-matian njaga jati diriku ben Della ora bakal weruh"
Tak sawang penampilane Fandi saka sikil teka rambute, banjur njawab.
"Awakmu setega kui ya Fan, tega ngapusi wong-wong sak sekolah"
Fandi ngendusne nafase. Pandangane sing kosong ngisyaratne lek omonganku ana penere.
"Sak liane kuwi awakmu pada karo ora bangga karo ibumu" tambahku.
Fandi langsung mandang aku, mripate sembab kaya kudu nangis. Secepet kilat tangane ndarat ning pundakku, tangane adem.
"Omonganmu ana penere Far. Aku selama iki keliru."
Selanjute sepi ngampiri. Tak sawang kotak es ning sandingku nyisakne tetes-tetes banyu. Fandi panggah meneng. Langit oren kelukis indah ning sepine terminal.

***

Dina iki sekolah geger, Fandi sing biasane numpak ninja iki mau ngontel nggo pedah unto mbuh takane sopo.
Guru-guru geger, Fandi sing biasane nggawe seragam laundryan iki mau nggawe seragam buluk sing ambune keringet.
Bocah-bocah kelas XI IPA 4 geger, Fandi sing biasane nraktir ning kantin iki mau nggowo bontrot tempe sak segane. Aku prihatin nyawang Fandi sing lekas diadohi, nanging yen disawang tenanan Fandi malah seneng ning posisine saiki.

***

Ora suwi 2 wulan keliwat. Fandi diputusne Della. Nanging Fandi malah seneng, dheweke omong lek selama iki Della gur ndadekne wonge penunjang popularitase, uduk amarga seneng saka ati.
Selama 2 wulan kuwi aku ya melu ngewangi Fandi dodolan es teka ngendi-ngendi.
"Nyo Far, es e selak mbanyu" Fandi nyodorne es ning aku
"Sabar yo Fan, mbesok awakmu bakal oleh gajul sing luwih ko Della" jawabku karo nampa es.
"Yo sing jelas uduk awakmu" jawabe karo ngremus es.
Aku lan Fandi sawang-sawangan banjur ngguyu bebarengan. Sore nyegat manuk dara sing uber-uberan. Ning sore sing sepi aku lan Fandi ngentekne surup.

***

Ora krasa saiki wis lulus SMA. Aku lan Fandi dadi kanca kenthel sing ngalah-ngalahna susu kenthel legi. Alhamdulillah aku lan Fandi ketampa bidikmisi lan SNMPTN masia beda universitas. Aku ketampa ning Teknik Elektro ITB . Lan Fandi ketampa ning kedokteran UGM. Amrga kuwi sekolahku dadi kondang ning salah siji koran sing katulis: 'Anak Kuli Cuci Lolos Bidikmisi Kedokteran UGM'
"Aja sombong yen wis dadi Pak Dokter lho ya" guyonku marang Fandi. Fandi mesem lan ngucek-ngucek kudungku.
"Nggih bu, ati-ati kesetrum lho ya" saiki ganti aku sing mesem.

Pirang-pirang taun keliwat. Aku lan Fandi panggah lanjut komunikasi lewat HP. Yen senggang kadang aku lan Fandi ketemuan ning Bandung utawa Jogja. Fandi soyo ganteng lan dheweke urung nduwe pacar, pada karo aku sing jerene soyo ayu nanging sayange jomblo.

Ing sijine dina aku lan Fandi nerima undangan saka SMA. Undangan ngisi seminar tips lolos SNMPTN-SBMPTN minggu ngarep.
"Far awakmu budal kapan? Aku arep mbooking tiket kereta, awakmu ndak pisan?" Tekok Fandi lewat telpon.
"Manut Fan, iyo aku bookingno pisan"
"Oke. Oh iyo Far bar seminar aku arep ngelamar calonku, awakmu meluo ya. Dongakna sukses"
Deg! Tanpa anane bledeg mara-mara atiku lara banget. Ora kaya biasane aku kaya ngene. Ana apa? Kenapa aku ngene?
"I... Iyo Fan amin muga-muga sukses. Wis ya Fan aku repot"
Tanpa nunggu jawabane aku nutup telpon. Tangisku pecah. Sapa sing dilamar Fandi? Nyapo wonge ora tau crita? Pener sing tak wedheni, aku tresna marang Fandi.

***

"Iki jenenge Mbak Fara, mahasiswi ITB sing taun ngarep lanjut PhD ning Amerika. Iki Mas Fandi, mahasiswa kedokteran UGM sing dadi pendiri Es Krim Esise sing biasane kok tuku ning kantin kae lho cah. Tepuk tangan ngge Mbak Fara lan Mas Fandi" kanda Bu Esti ning mikrofon. Bocah-bocah ning ngarepku pada tepuk tangan.
Aula nggonku ngadek soyo amba ora kaya jamanku mbien. Acara mlaku lancar, akeh bocah sing semangat amarga motivasiku lan liane. Sak bare acara aku ngajak Fandi ning kantin, aku penasaran karo wujude kantin saiki kaya apa.

"Sapa to calonmu Fan? Ndungaren kok ndak tau crita"
"Halah rahasia, pokok uduk awakmu. Ojo GR lo"
"Hii sapa yonan sing GR" jawabku ngempet lara ati. Sak durunge teka kantin Fandi ngajak menggok ning lapangan basket. Ana kembang-kembang ning tengah lapangan dibentuk 'love'. Aku soyo panas ora kuat nyawang.
"Sik. Entenana ning kene ya Far, aku arep nyeluk bocahe"
Fandi mlayu ninggalne aku. Aku ngempet nesu kudu ngalih, arep ae ngalih salah siji bocah siswa kene nyedeki aku.
"Mbak ayo melu aku" ajake nyambi nggeret tanganku teka tengah lapangan. Saiki aku ngadek ning tengah kembang-kembang 'love' kui mau.
Mara-mara Fandi teka karo nggitar, nyanyi lagi 'Sempurna-Gita Gutawa". Aku bingung. Nyapo Fandi marani aku? Endi calon sing di maksud?

Lapangan soyo rame. Aku isih bingung karo kelakuane Fandi sing mara-mara nyerahne kotak cincin saka sak e, banjur muni nggo swara sing alus banget.
"Ning panggonan iki, 5 taun kepungkur awake cedek. Awakmu nguncalne bal ngeneki sirahku. Saiki aku ngelamar awakmu nggo dadi pasangan sahku. Faradita Sekar Utami, gelem dadi pasangan abadiku?"
Fandi nyimpuh nyekel tanganku. Aku nangis saking terharune. Suara ning lapangan basket soyo rame mbengoki 'trima-trima'. Nggo kekuatan batin aku mantuk tanda nrima. Fandi ngadek lan langsung ngrangkul aku banjur masangne cincin ning drijiku. Aku isih ora nyangka, sing mbien dadi musuhku saiki dadi calon imamku.


Jenengku Faradita Sekar Utami, kulina disapa Fara. Saiki aku lingguh ning kelas XI IPA 4, kelas sing paling dikenal guru amarga kerep nggae gara-gara. Nanging ning bab liane kelasku ya dikenal merga nduwe bocah sing gantenge kebangeten, jenenge Fandi. Wonge duwur, putih, sipit, rambute gilap merga pomade, seragame wangi laundry, lan tumpakane ninja ijo. Sak liane ganteng wonge ya pinter gawan lair. Mben rangking paralel dheweke mesti oleh nomer 1. Kabeh uwong ning sekolah dijamin kenal, termasuk bakul siomay sing mangkal ning ngarep gerbang sekolah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar